Ada MQ Hidayat Di Sini
Kulo nuwun.
Kenalno jenengku MQ Hidayat (biasane lek online ngunu). Biasa dicelok Qoyyum karo kanca-kancaku seng orak ngeblog, tapi konco-konco blogger biasa nyelok MQ Toser. Umur isik 24 taon. Saiki posisiku luweh gelek nang Malang, tapi asline yo Mojokerto. Isik dadi mahasiswa Brawijaya.
Pengen gabung karo Blogger Mojokerto, soale aku pengen kenal karo konco-konco blogger terutama seng sak daerah. Sak liyane iku, aku yo pengen ndadekno Mojokerto lebih sip maneh nang ndonyo maya iki, dan terkenale iku ora mergo hal-hal seng elek. Tapi sak durunge aku yo njalok sepuro, sak umpomone aku isik rung iso ngewei sing akeh gawe Mojokerto ambek Blogger-e.
Wes, sementara ngunu ae. Aku ngeblog nang http://toserblog.net.
Monggo pinarak, lan ngapunten seumpomo isine blogku isik rung berguna.
There Are 7 Responses So Far.
yakuza_ydhn
he he he…
no si ji… sekalian promo
web anyarku… masio jek kosongan yo ben…
koq nggawe boso jo wo???
Moeghan
Wekku wingi sek tersimpan dalam draft … wingi jange tak posting langsung tapi gak onok poto seng pas, dadi yo simpen sek ae.
Dongakno engkok potoku dadi ben isok langsung di publish
rohman
seng penting sek keturunane Majapahit, mesti sering nang malang.he he
Gus rohman ntar menyusul profilenya
February 27th, 2009 - 6:14 pm WIBrudi waskito
SALAM SATU JIWA KERR
SAM, AKU JUGA DULU KULIAH DI NGALAM..TAPI ATIKU MOJOKERTO
Hendra W Saputro
Wah, pahalane sampeyan gede mas. Gak ono sampeyan maka gak ada blogger Mojokerto. Sumpah **Sembah-sembah**
March 3rd, 2009 - 4:25 am WIBAgung Mojosari
Wah, durung komen nang kene… salam kenal ya mas… wuehehehehe…



